Syair Jawa Ngudi Susila Karya KH. Bisri Musthofa

Iki syiir kanggo bocah lanang wadon # nebehhake tingkah ingkang awon.

Sarto nerangake budi kang prayogo # Kanggo dalan mlebu ing suwatfo.

Bocah iku wiwit umur pitung tahun # Kudu ajat toto kromo ben ra getun.

Kudu tresno inf ibune kang ngrumati # Kawit cilik marang bopo kang gemati.

Ibu bopo rewangono lamun repot # Ojo koyo wong gemagus engkang wangkot.

Lamun ibu bopo prinrah enggak tandang # ojo bantah ojo senggol ojo mampang.

Andap asor ing wong tuo najan lio # Tetepono ojo koyo roji koyo.

Gunem alus alon lirih engkang terang # Ojo kasar ojo misuh koyo bujang.

Yen wong tuo lenggah ngisor siro ojo # Pisan lungguh duwur koyok jumajo.

Yen wong tuo sare jo geger fuyon # Lamun siro nuju moco kudu alon.

Lamun siro liwat ono ing ngarepe # Kudu nuwun amet sarto depe depe.

Lamun ibu bopo duko becik meneng # Ojo melu padon ugo ojo greneng.


BAB MBAGI WEKTU

Dadi bocah kudu ajat mbagi wektu # Ojo pijer dolan nganti lali mangan.
Yen wayahe sholat ojo tungu printah # Enggal tandang cekal cekel ojo wegah.
Wayah ngaji wayah sekolah sinahu # Kabeh mau gatekake klawan tahu.
Kenthong subuh enggal tangi nuli adus # Wudu nuli sholat khusuk ingkang bagua.
Rampung sholat tandang gawe opo bae # Kang prayoo koyo nyaponi omahe.
Lamun ora iyo moco moco quran # Najan namung sithik dadio wiridan.
Budal ngaji awan bengi sekabehe # Toto kromo lan adabe podo wae.

ONO ING OMAH

Karo dulur konco ingkang bagus # Ojo koyok kucing belang rebut tikus.
Dadi tuo kudu weruh ing sepuhe # Dadi enom kudu rumongso bocahe.
Lamun bopo ngalim pangkat sugih jaya # Sieo ojo kumalungkung inf wong lio.
Pangkat gampang minggat sugih keno mulih # Ngalim iku gampang owah mulah malih.
Arikolo siro madep ing wong liyo # Kudu ajer ojo mrengut koyo boyo.


KARO GURU

Marang guru kudu tahu lan ngabekti # Sekabehe printah bagus dituruti.
Piwulange ngertenono kanthi ngudi # Nasehate tetepono ingkang merdhi.
Larangane tebihono kanthi yekti # Supoyo ing tembe siro dadi mukti.

ONO TAMU

Tatkalane ibu romo nompo tamu # Ojo biayakan polah tingkagmu.
Ojo nguwun duwet wedang lang panganan # Rewel beko koyok ora tahu mangan.
Lamun banget butuh kudu sabar disek # Nganti tamu mundur disek siro becik.
Arikolo podo bubaran tamune # Ojo nuli rerebutan turahane.
Koyo kething rerebutan najis tibo # Gawe malu lamun dideleng wong njobo.
Kejo yen bopo dawuh he anakku # Iku turahhe wong ngalim kiai ku.
Bagi roto sak dulurmu keben kabeh # Katulingan ngalim sugih bondo akeh.
Niat nuprih berkhahe wong mulyo # Ora niat rebut turahe wong lio.

Popular posts from this blog

Tahukan Kamu Kepiting Yuyu Sawah ? Berikut Klasifikasi Yuyu Sawah

Cerita Lucu Kisah Pohon Pisang Dan Pohon Randu